Senin, 22 Februari 2010

PARAGRAF

1. Paragrap Deduktif
Paragrap Deduktif yaiku paragrap kang ukara pokoke manggon ana ing ngarep paragraph, banjur kasusul ukara – ukara panjlentreh. Pokoke ukara (kalimat utama) ora kudu manggon ana ing ukara pisanan, bisa manggon ana ing ukara kapindho jalaran ana paragrap kang ukara pisanan awujud ukara transisi ( perekat ).
Tuladha paragrap Deduktif.:
"Lumrah manungsa iku duwe pepenginan sing apik. Ora ana manungsa sing kepengin nemu kedadeyan sing ala. Mula banjur ana tembung beja lan cilaka. Yen bisa nemoni kedadeyan sing nyenengake iku sinebut beja, dene yen nemoni kedadeyan ora nyenengake adate banjur diarani cilaka".

2. Paragrap Induktif
Paragrap Induktif yaiku paragrap kang ukara utamane manggon ana ing sisih buri paragrap. Adate ukara utama ana paragrap Induktif nggunakake konjungsi penyimpul antar ukara kayadene : dadi, mula, lan sapanunggalane, nanging iku ora mutlak, jalaran akeh uga ukara utama kang ora kudu diwiwiti ngganggo konjungsi kasebut.
Tuladha Paragrap Induktif:.
"Prabeya kanggo transportasi saya suwe saya mundhak. Rega – rega barang kabutuhan urip saben dinane uga melu mundhak saengga rakyat cilik ora kuwat tetuku kanggi nyukupi kabutuhaning urip. Kauripane rakyat cilik saya mundhak susah. Iku mau jalaran saka mundhake rega BBM wiwit minggu –minggu iki glunjak banget regane".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar