Senin, 28 Februari 2011

HARJUNA SASRABAHU

Datan kawursita tindake Sang Ramaparasu, Genti kang cinarita, perak ginawe adoh, doh ginawe perak. Kang ana ing nagari Maespati. Sinten ta ingkang ngasta pusaraning adil ing kana, nenggih jejuluk Sang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu darbe watak ber budi bawa laksana, remen paring sandhang marang kang kawudan, paring teken wong kang kalunyon lan paring usada marang kang nandhang sesakit. Sang Prabu uga darbe watak dana wesi asat, tan kersa sesukan lan datan remen tedhak marang sajabaning kedhaton. Sang Prabu amung tedhak lamun ana sabab kang kumudu kudu tinandangan pribadhi. Senajanta Sang Prabu sinung kasekten kang magila gila, nanging Prabu Harjuna Sasrabahu datan darbe krenteg ngrabasa prang nglurug bala ngelar jajahan marang manca praja. Nanging maksa keh para raja manca nagari kang padha sumuyud sumawita datanpa sarana kagebuging yuda, amung padha kayungyun marang pepoyaning kautamaning Narendra.
Sang Prabu Harjuna Sasrabahu kagungan garwa, nama Dewi Citrawati. Putri kang sulistya ing warna, titising Bathari Widawati. Putri saking Nagari Magada, kang duk inguni rinebutan dening para raja saka saindengin ndonya kang tuggal karep ngayunake Sang Dewi.
Nanging kadi cara punapa dene sang Prabu yekti unggul ing ngayuda ngasorake para raja sewu negara kang sedya ngayunake Sang Dewi? Yekti Sang Prabu nalika samana andhuta sang Rekyan Apatih kang nama Patih Suwanda kang tuhu sura sekti. Ing kana kaleksanan Patih Suwanda ngasorake para raja, misungsung putri boyongan marang ratu gustinira, Prabu Harjuna Sasrabahu.
Ngambali carita kang wus kawuri, nalika samana Patih Suwanda kang jroning lumaksana bali marang Nagri Maespati ngudarasa jroning ndriya
“Sewu raja kaleksanan tak asorake yudane, kanthi ora ngetogake kasudibyan lan kasektenku sakwutuhe. Nanging saiki aku nedya ngaturake putri boyongan menyang gustiku kang aku durung nate anjajagi sepira kaprawirane. Aja aja kasudibyane ora angluwihi saka kasektene raja sewu negara kang nembe tak asorake. Yen pancen kaya mangkana, apa bebathen kang kasandhang jenengingsun, lamun aku ngawula marang Sang Prabu Harjuna Sasrabahu. Prayoga lamun ingsun ndadar, sepira kadigdayane Prabu Harjuna Sasrabahu”.
Wus dumugi ing kedhaton Maespati, Suwanda kang nembe keduga mboyongi Dewi Citrawati, lumarap lan matur ing ngarsanira sang Prabu.
“Suwanda, bungahing atiku tanpa kinira dene sira kuwawa mrantasi gawe amboyongi Putri Magada. Matura, apa keng dadi pamintanira, ganjaran apa kang mesthi kaparingake marang sira yayi Suwanda”.
“Manawi kepareng, kula anggadhahi panyuwun namung setunggal wujudipun. Penyuwun kula mboten sanes, hamung kersaa Sang Padukendra andadar kasekten kawula”. Ucapira Patih Suwanda katon sumongah sesongaran.
Legeg tyase Sang Prabu, dupi mireng panyuwune Patih Suwanda. Nanging kaya dene we kresna kang tumetesing dlancang seta, kumudu kudu Sang Prabu anetepi pangandika kang wus kaucapake. Gelising kandha, raja lan pepatih wus siaga ing dhiri ngungasake kasektenira. Dedreg umyeg genti kalidhih, saka kaladuking kandha wus patangpuluh dina patangpuluh ratri kekalihipun, nggenya toh jiwa, bandawala pati.
Nalika samana waringuten Patih Suwanda, dene wus antara lama datan keduga ngasorake kasudyiban ratu gustinira. Saksana gya musthi senjata pamungkas kang winastan Cakrabaswara, sanjata kang apamor segara muncar. Datan kasamaran marang bebaya kang kasandhang dening senjata gilap kang tuhu ampuhe kagila gila, Sang Prabu Harjuna Sasrabahu sigra matek aji Triwikrama. Sirna sipating raja kang pekik ing warna, jleg dadi brahala kang gedhene angebaki jagad. Brahala kang kuwawa amung telung pecak wus keduga ngubengi jagad. Mulat ratu gustinira Triwikrama, miris kekes manahira Patih Suwanda, kang datan kasamaran lamun ratu gustinira sayekti panjalmaning Bathara Wisnu. Sakala sumembah ing pepadane Prabu Harjuna Sasrabahu kang memba brahala, sarwi angandika.
“Dhuh Pukulun sesembahan kula, muga kawelasana jasad kawula. Kersaa paduka ngrucat aji Triwikrama, mboten kasamaran malih lamun paduka Sinuwun tuhu sesembahan kula ingkang sejati”.
Sanalika rucat wujuding Triwikrama, ririh aturira marang Patih Suwanda.
“Yayi patih, senajan sira wus lancang anggonira tumindak, kumawani ndadar sepira kaprawiranku, nanging tetep sira dumadi jejering Patih kang tak tresnani. Yayi, gedhening dedosan kang sira sandhang awit saka pokal pakartimu, yekti ana paukuman kang kudu sira lakoni”
“Dhuh panjalmaning Bathara Wisnu, andhadha lepat keng abdi. Keparanga matur, pidana menapa ingkang paduka bade kapatrapan dhateng jasad kawula. Menawi maksih sembada kula minangkani, senajan ta paduka andhawuhi anrenggalangi mengsah munah satru sekti, yekti kula mboten badhe suwala”.
“Yayi, yen ta panjenenganingsun dhawuh umangsah yudha anrenggalangi mungsuh, ingsun wus datan kasamaran klawan kasudibyan kang sira darbeni. Pamintaku amung sawiji, pindhahana taman Sriwedari saka ing Swargaloka, gawanen tumeka ing ngarcapada. Papanaen ana ing taman Maespati, kanggo sarana lelipur garwaningsun yayi Citrawati”.
Sakala pepes manahira Patih Suwanda, dres wijiling kang reriwe kadya dineres.
Nanging boting jejibahan kang wus dadi sesandhangan, wajib kaestokake. Saksana Patih Suwanda anyaguhi.
“Sinuwun, kalilana kawula nyuwun pamit, saha nyuwun pangestu. Senajanta dereng katingal gatra kadi pundi sarana ingkang kangge minangkani awrating jejibahan ingkang Paduka paringaken. Bebasan colok lintang sesambung obor, keparenga ingkang abdi pamit saking ngarsa jengandika gusti Prabu”.

“Yayi, lelungsen tak bebakali, pangestuku ambanyu mili. Aja wedi ing weweka, daya daya kelaksanan apa kang sinedya”.
Surem jagade, puteg nalare Sang Patih Suwanda. Galeyah galeyah lampahira kang amung kaseret gregeting nala pecaking suku. Jroning ati amung kebak derenging kekarepan, nanging gegayuhan meksa kaya natab bebeteng waja kang kandel. Bawane satriya kang nora lirwa ing sesanggeman kang wus kasangkul, sepiraa maksih kandel rasa luput yen nampa bebendu.
Kocap kacarita, gelising kandha, lampahira Patih Suwanda kepapag lan ingkang rayi Bambang Sukasrana, reseksa bajang kang kuciwa ing warna. Nanging pepethingane dene Sukrasana tuhu sekti mandraguna, putus marang saliring agal lembat.
“Ooh kakang Sumantri, tak upadi seprana seprene teka kakang Sumantri ketemu ing papan kene. Kakang ajanilapake aku lan lunga maneh, marga kakang wis prasetya ora bakal ninggal adimu. Kakang, aku ora bisa pisah karo kowe mbaka gingganga sarambut”. Sukrasana matur marang kadangira tuwa kanthi pangucap celad kang dadi ceciri.
“Adhikku dhi wong bagus Sukrasana. Aku ora bakal selak marang janjiku sakawit. Nanging tulungana kakangmu kang lagi nandhang reruwet”. Sumantri ngucap kanthi kawlas arsa.
“Oooh pantes yen ngana. Pasuryanmu ketok suntrut. Kandhaa kakang, apa kang dadi bundhelaning rasa susahmu. Adhimu bakal ngluwar bot repot kang ka sandhang, sing wigati, aja kakang ninggal aku maneh”.
“Aja dadi atimu dhi, kakangmu wus andhada kaluputan. Ing nguni ora ateges aku lumuh sesandhingan karo kowe dhi. Nanging aku darbe jejibahan ngenger marang negara Maespati. Angesthi marang dawuhe kanjeng rama Resi Swandagni. Yen aku wus klakon mukti, yekti siadhi bakal tak kanthi mlaku reruntungan. Aku prasapa, yen aku goroh, aku saguh sirna dicecamah buta galak” Sineksen janji Bambang Sumantri kanthi geter pater bumi prakempa.
“Yen kaya ngana, enggal sajarwaa, apa kang mesthi tak tindakake kakang Sumantri?”
Cinaritaake bab bot repot kang kasangkul saka dhawuhe Prabu Harjuna Sasrabahu, sakala Bambang Sukrasana ngguyu latah. Tumuli Sukrasana mbombong manahira Bambang Sumantri.
“Kakang, kuwi perkara gampang, lilanana adhimu kang ngalih jejibahanmu ngembani wajib”
Datan kawursita tandangira Bambang Sukasrana, saking pitulunging ingkang rayi, patih Suwanda kang inguni nama Bambang Sumantri wus kaleksanan ing sedya, mboyongi Taman Sriwedari. Nanging jroning taman asri kang wus kasil binoyongan, ing kana ana kurban, Sukrasana tiwas kaniaya. Wus kaleksanan sesanggeman kang kasangkul, temah nagari ing Maespati dumadi kaya dene kang kaocapake para empu sastra ; negara kang panjang apunjung, pasir wukir, gemah ripah loh jinawi, kerta tata tur raharja. Lelabuhane Rakyan Apatih Suwanda wus nuwuhake rasa supeketing kekadangan tumrap Raja lan Pepatihe, kaya dene kadang sinarawedi. Tan ana rasa kuciwa Prabu Harjuna Sasrabahu, sabab tandang grayange Patih Suwanda nggenira mranata praja, tan ana cicir mbaka sajuga. Nanging kasejatening katentreman ing alam dunya tan ana kang lestari, yekti gilir gumanti kadya dene cakra manggilingan.
Kocap, abdinira Sang Dasamuka kang winastan Ditya Kalamarica, tumindak mbebidhung api rowang, nrenggiling angapi mati. Jroning katentremaning taman Sriwedari, jro osiking swasana praja. Ditya Kalamarica keduga munggel yuswane Dewi Citrawati.

Senin, 22 Februari 2010

PARAGRAF

1. Paragrap Deduktif
Paragrap Deduktif yaiku paragrap kang ukara pokoke manggon ana ing ngarep paragraph, banjur kasusul ukara – ukara panjlentreh. Pokoke ukara (kalimat utama) ora kudu manggon ana ing ukara pisanan, bisa manggon ana ing ukara kapindho jalaran ana paragrap kang ukara pisanan awujud ukara transisi ( perekat ).
Tuladha paragrap Deduktif.:
"Lumrah manungsa iku duwe pepenginan sing apik. Ora ana manungsa sing kepengin nemu kedadeyan sing ala. Mula banjur ana tembung beja lan cilaka. Yen bisa nemoni kedadeyan sing nyenengake iku sinebut beja, dene yen nemoni kedadeyan ora nyenengake adate banjur diarani cilaka".

2. Paragrap Induktif
Paragrap Induktif yaiku paragrap kang ukara utamane manggon ana ing sisih buri paragrap. Adate ukara utama ana paragrap Induktif nggunakake konjungsi penyimpul antar ukara kayadene : dadi, mula, lan sapanunggalane, nanging iku ora mutlak, jalaran akeh uga ukara utama kang ora kudu diwiwiti ngganggo konjungsi kasebut.
Tuladha Paragrap Induktif:.
"Prabeya kanggo transportasi saya suwe saya mundhak. Rega – rega barang kabutuhan urip saben dinane uga melu mundhak saengga rakyat cilik ora kuwat tetuku kanggi nyukupi kabutuhaning urip. Kauripane rakyat cilik saya mundhak susah. Iku mau jalaran saka mundhake rega BBM wiwit minggu –minggu iki glunjak banget regane".

CRITA WAYANG

ARJUNA

ARJUNA adalah putra Prabu Pandudewanata, raja negara Astinapura dengan Dewi Kunti/Dewi Prita putri Prabu Basukunti, raja negara Mandura.
Arjuna merupakan anak ke-tiga dari lima bersaudara satu ayah, yang dikenal dengan nama Pandawa.
Dua saudara satu ibu adalah Puntadewa dan Bima/Werkudara.
Sedangkan dua saudara lain ibu, putra Pandu dengan Dewi Madrim adalah Nakula dan Sadewa.
Arjuna seorang satria yang gemar berkelana, bertapa dan berguru menuntut ilmu.
Selain menjadi murid Resi Drona di Padepokan Sukalima, ia juga menjadi murid Resi Padmanaba dari Pertapaan Untarayana.
Arjuna pernah menjadi Pandita di Goa Mintaraga, bergelar Bagawan Ciptaning.
Arjunadijadikan jago kadewatan membinasakan Prabu Niwatakawaca, raja raksasa dari negara Manimantaka.
Atas jasanya itu, Arjuna dinobatkan sebagai raja di Kahyangan Kaindran bergelar Prabu Karitin dan mendapat anugrah pusaka-pusaka sakti dari para dewa, antara lain ; Gendewa ( dari Bathara Indra ), Panah Ardadadali ( dari Bathara Kuwera ), Panah Cundamanik ( dari Bathara Narada ).
Arjuna juga memiliki pusaka-pusaka sakti lainnya, atara lain ; Keris Kiai Kalanadah, Panah Sangkali ( dari Resi Durna ), Panah Candranila, Panah Sirsha, Keris Kiai Sarotama, Keris Kiai Baruna, Keris Pulanggeni ( diberikan pada Abimanyu ), Terompet Dewanata, Cupu berisi minyak Jayengkaton ( pemberian Bagawan Wilawuk dari pertapaan Pringcendani ) dan Kuda Ciptawilaha dengan Cambuk Kiai Pamuk. Sedangkan ajian yang dimiliki Arjuna antara lain: Panglimunan, Tunggengmaya, Sepiangin, Mayabumi, Pengasih dan Asmaragama.
Arjuna mempunyai 15 orang istri dan 14 orang anak.
Adapun istri dan anak-anaknya adalah :

1. Dewi Sumbadra , berputra Raden Abimanyu.

2. Dewi Larasati , berputra Raden Sumitra dan Bratalaras.

3. Dewi Srikandi

4. Dewi Ulupi/Palupi , berputra Bambang Irawan

5. Dewi Jimambang , berputra Kumaladewa dan Kumalasakti

6. Dewi Ratri , berputra Bambang Wijanarka

7. Dewi Dresanala , berputra Raden Wisanggeni

8. Dewi Wilutama , berputra Bambang Wilugangga

9. Dewi Manuhara , berputra Endang Pregiwa dan Endang Pregiwati

10. Dewi Supraba , berputra Raden Prabakusuma

11. Dewi Antakawulan , berputra Bambang Antakadewa

12. Dewi Maeswara

13. Dewi Retno Kasimpar

14. Dewi Juwitaningrat , berputra Bambang Sumbada

15. Dewi Dyah Sarimaya.
Arjuna juga memiliki pakaian yang melambangkan kebesaran, yaitu ; Kampuh/Kain Limarsawo, Ikat Pinggang Limarkatanggi, Gelung Minangkara, Kalung Candrakanta dan Cincin Mustika Ampal (dahulunya milik Prabu Ekalaya, raja negara Paranggelung).
Arjunajuga banyak memiliki nama dan nama julukan, antara lain ; Parta (pahlawan perang), Janaka (memiliki banyak istri), Pemadi (tampan), Dananjaya, Kumbaljali, Ciptaning Mintaraga (pendeta suci), Pandusiwi, Indratanaya (putra Bathara Indra), Jahnawi (gesit trengginas), Palguna, Danasmara ( perayu ulung ) dan Margana ( suka menolong ).
Arjuna memiliki sifat perwatakan ; Cerdik pandai, pendiam, teliti, sopan-santun, berani dan suka melindungi yang lemah.
Arjunamemimpin Kadipaten Madukara, dalam wilayah negara Amarta. Setelah perang Bhatarayuda, Arjuna menjadi raja di Negara Banakeling, bekas kerajaan Jayadrata.
Akhir riwayat Arjuna diceritakan, ia muksa ( mati sempurna ) bersama ke-empat saudaranya yang lain.

CRITA CEKAK

Dhukun Bajang

Mbah Dhukun, kula niki nembe gadhah prekawis. Panjenengan kinten-kinten saget nulungi kula mboten?” pitakone Trisna marang Mbah Surip nalika antuk giliran rondha.

Mbah Surip iku wong sing dituwakake ing ndesa kono. Jejere pancen dudu dhukun, nanging wong sakiwa-tengene kerep njaluk tulung. Ana sing njaluk didongakake, ana sing njaluk cekelan, pyandel, kayedene watu akik lan ali-ali. Wusana kondhang kanthi sesebutan Mbah Dhukun.

”Prekara dhuwit? Apa ora nduwe gaweyan?. Alaah, gampang kuwi” Mbah Surip nyauri pitakone Trisno sinambi nglinting udut klobot.

”Lho, Mbah Surip kok ngertos menawi kula nembe butuh arta. Nggih leres Mbah. Kula niki nembe butuh arta kaliyan gaweyan.Amargai pacangan kula, Siti, selak nyuwun dilamar. Saumpami wu;an ngajeng kula mboten mara nglamar, Siti bade medhot sesambungan kaliyan. Lan putranipun Pak Lurah Karso saking Desa Krajan, sampun nembung dhateng bapakipun Siti. Kamangsa raos tresna kula kaliyan Siti niku sampun kepati-pati. Pokoke nek mboten kalih Siti, anake Pak Slamet blantik niko, kula mboten mawon.” Trisno njlentrehake prekara sing diadhepi lan gawe bingung kuwi marang Mbah Surip.

”Lha, terang aku ya ngerti yen kowe nembe ngadhepi prekara sing ruwet. Lha wong cahyaning raimu ketok ireng ngono. Yen kowe ra duwe dhuwit, kuwi gampang. Aku bisa ngrampungake prekaramu kuwi kanthi cepet” ujare Mbah Surip.

”Lha caranipun pripun Mbah? Napa ngingu babi ngepet, napa ngingu thuyul, napa buta ijo? Wah nek niku kulo mboten saget, Mbah. Mangkih mesthi nyuwun tumbal” semaure Trisno. Dheweke isih pingin takon, nanging ora manteb, wedi yen jebule apa sing dikira pancen bener.

”Aja kuwatir, ora ngono kuwi. Kowe ora prelu tumbal. Kowe ngerti kuburan ing sisih lor desa kae?” pitakone Mbah Surip karo mesem.

”Ngertos Mbah, ngertos” wangsulane Trisno.

”Ing kuburan kuwi ana sing mbaureksa. Lah, sing mbaureksa ing kana wujude gendruwo. Arane Mbah Kopis. Percayaa aku, Mbah Kopis kuwi gelem gawe sugihe sapa wae pawongan sing gelem tirakat lan nyumadhiyakake sate gagak.Gampang lan penak ta wewatone,” piterange Mbah Surip.

”Menawi sate gagak kula saget nyepakaken. Nanging menawi tirakatipun kados punapa, Mbah?” pitakone Trisno maneh sing isih rada bingung.

”Tirakate kuwi pasa pati geni telung dina telung bengi. Yen wis rampung, kowe kudu nyumdhiyakake sate gagak ing ngisor wing ringin sing ana ing kuburan kana. Wancine nalika malem Slasa Kliwon. Kowe dhewe ya kudu melek suwene telung dina telung wengi kuwi. Takjamin, yen mengko Mbah Kopis gelem dhahar sate gagakmu, apa wae panjalukmu mesthi dituruti dening Mbah Kopis. Piye, gelem apa ora?”

”Wah, kadose kok gampil nggih, Mbah. Nanging kula niki jirih Mbah. Kulo ajrih menawi kiyambakan wonten kuburan mrika. Lha lajeng kadospundi, Mbah?” pitakone Trisno.

”Aja kuwatir. Kabeh mau bisa diatur. Yen kowe ora kuwat nglakoni tirakate lan ora wani melek dhewekan ing ngisor wit ringin, Mbah Surip iki bisa nggenteni kowe waton kowe bisa nykupi wewatone,” pratelane Mbah Surip.

”Wewatonipun napa, Mbah? Kulo purun mawon,” semaure Trisno katon sumringah.

”Aku bisa nulungi kowe. Waton kowe ngerti jer basuki mawa beya. Dadi kowe kudu nyepakake prabeya mahar kanggo tirakatan lan sate gagake. Iki ora mbayar lho, mung mbayar mahar kanggo tirakatan.”

”Pinten Mbah pangaji maharipun?” takon si Trisno.

”Ora larang kok. Mung Rp 3 yuta kanggo tirakatane lan Rp 2 yuta kanggo sate gagak lan lek-lekane. Piye, saguh ora?” takon Mbah Surip.

”Wah, kok awis sanget Mbah. Saget nganyang mboten? Kula mboten gadhah menawi Rp 5 yuta. Nggih pun, ngaten kemawon, Mbah. Kula takmikir rumiyin, Benjang enjang kula kabari putusan kula. Nggih, makaten kemawon Mbah. Kula badhe wangsul rumiyin” Trisno njaluk pamit.

Esuke, nalika srengenge durung njedhul ing bang wetan, Trisno wis tekan omahe Mbah Surip.

”Nyuwun pangapunten, Mbah Surip. Niki esuk-esuk kulo sampun ngrepoti.”

”Piye, nak Trisno. Sido apa ora?” Mbah Surip ethok-ethoke takon, kamangka Mbah Surip asline wis ngerti putusane Trisno.

”Kulo siyos Mbah. Panjenengen saget mesthekaken mangkih badhe kasil ta, Mbah?” Trisno takon karo masrahake wungkusan plastik werna ireng marang Mbah Surip.

Trisno banjur pamitan. Trisno mlaku karo mesam-mesem dhewe. Trisno banjur ngengen-ngen sing ora-ora. Dheweke bakal lunggih ing jejere Siti pas ningkahan. Duwe dhuwit akeh. Wah, pokoke Trisno bakal dadi wong sugih. Isine mung seneng-seneng. Bungah tenan atine Trisno. Ora rugi ndremis-ndremis karo simboke mau mbengi, banjur digolekke utangan.

Wis pirang-pirang dina Trisno ngenteni, nanging durung ana kabar saka Mbah Surip. Trisno wis wola-wali marani Mbah Surip, nakoake asile. Nanging wangsulane Mbah Surip mesthi sesuk, sesuk lan sesuk.

Nganti luwih saka setengah sasi, durung ana kabar. Malah Mbah Surip ora tau ing omahe yen diparani. Trisno wiwit rumangsa kapusan.

Esuke, nalika mlaku-mlaku ing prapatan, Trisno weruh ana karamen ing omahe Pak Bayan Pomo. Trisno banjur nyedhak. Ing kono katon wong-wong padha nesa-nesu, malah meh ana sing ngamuk, pengin ngrusak. Trisno banjur melu-melu mlebu omahe Pak Bayan Pomo. Amarga isih durung ngerti dununge kedadeyan, Trisno takon karo salah siji tanggane.

”Ar, Ari, ana apa iki? Kok rame-rame”.

”Kuwi, mau bengi Mbah Surip digerebek karo warga amarga ngamar ing Hotel Melati kidul desa. Mak Surti lapur marang Pak Bayan yen bojone, ya Mbah Surip ,lungo nginep karo cah wedok inm hotel. Wis telung dina ora mulih” piterange Ari.

”Hah, Mbah Surip konangan nggawa cah wedok lan nginep hotel. Oh, dhasar wong tuwa ora rumangsa tuwa” batine Trisno karo nesu-nesu. Dheweke dadi rumangsa yen pancen wus diapusi dening Mbah Surip.

”Digoleki pirang-pirang dina ora ketemu, ketemu pisan malah ing omahe Pak Bayan amarga bar digrebek ing hotel nalika ngamar karo cah wadon. Alah-alah, kayoa apa cah wedok sing gelem ngamar karo Mbah Surip. Wong wis tuwo, raine ya ora bagus, sugih ya ora, lha wong omah ya mung gubuk meh ambruk,” batine Trisno maneh

”Terus Mbah Surip karo sapa le ngamar, Ar?” pitakone Trisno marang Ari.

”Kuwi, karo Siti, anake Pak Slamet” wangsulena Ari.

”Hah, karo sapa? Sapa?” pitakone Trisno semu durung percaya marang wangsulane Ari.

”Karo Siti, anake Pak Slamet. Pak Slamet blantik kae lho” Ari nyauri sepisan maneh.

Bruuk!!!. Trisno langsung ambruk, semaput.

dening ::Misbakhul Munir::

Edisi : Kamis, 08 Januari 2009 , Hal.C
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id